-->
Hellow.. nie ada pidato bahasa jawa. Sebenarnya nich tugas bahasa jawa dari Pak Paminto... Tapi, jika ada yang membutuhkan.. mau dan suka,, silahkan ambil... dan semoga bermanfaat ya... Special thanks to Pak Pamintio... dan My daddy..
LOMBA K3 ( KEBERSIAHAN, KEINDAHAN LAN KEAMANAN)
Assalamualaikum wr. wb.
Bapak Penasehat RT 01 engkang kulo hormati;
Bapak-bapak pengrus RT 01 engkang kulo hormati lan;
Sedoyo wargo RT 01 engkang kulo hormati lan kulo tresnani.
Sakderengipun monggo kito derekaken muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Engkang Moho Agung, engkang sampun paring sadoyo kanikmatan dumateng kito sedoyo. Amargi saking rahmatipun Gusti allah. kito saget makempal wonten mriki kanti mboten wonten alangan satunggal punapa.
Sakderengipun kulo matur, wonten ing pakempalan dinten puniko, kulo mgaturaken matur nuwun khususipun dumateng poro pengurus, lan sedoyo wargo RT 01 RW XX perumahan Ayodya. engkang sampun dukung sadoyo program-program pembangunan ingkang sampun kito sepakati sesarengan.
Wonten pakempalan puniko kito bade mbahas babagan lomba K3 ingkang dipun wajibaken sedoyo warga RT ing perumahan Ayodya. Lomba K3 puniko pinonggko mengeti dinten kamardikan nagari kita Indonesia engkang sampun ngancik sewidak limo (65) tahun. Milo makaten sak derengipun lomba kalampahan kulo ngajak sedoyo warga RT 01 saiyek saeko proyo ngawontenaken kerjabakti sesarengan. engkang pangangkah kito sageto angsal nomer satunggal babagan lomba K3 puniko.
Sederek-Sedoyo wargo RT 01 engkang kulo tresnani.
Bab-bab engkang dipun nilai ingih puniko babagan kebersihan; milo makaten sedoyo pimpinan rumah tangga kedah ngawontenaken kegiatan reisik resik ing sak kiwo tengenipun griyo, pager-pager dipun cet ingkang sae lan slokan-slokan ingkang mampet dipun resi.i sahinggo iline toyo saget lancar.
Bab engkang nomer kalih inggih puniko, babakan keindahan, sedoyo tetaneman arupi sekar wonten pot-pot kito toto ngantos rapi, utawi tetaneman ingkang sampun ageng kito kurangi kanti dipun papras cabangngipun sahinggo katingal rapi lan endah.. Salajengipun wenawi kagungan lampu-lampu hias kito toto sahinggo katingal gumebyar kanti lampu kerlap-kerlip lan warno-warno, wonten sing abang, ijo, kuning dan ungu. Manawi wekdal ndalu katingal endah menawi dipun tingali.
Bab engkang ongko tigo, inggih puniko babakan keamanan, khususipun wonten lingkungan RT 01, kanti ngawontenaken rondo ingkan dipun gilir, lan dipun kelompokaken limo-limo. Dados satunggal minggu kepala rumah tangga nggadahi kewajiban rondo kaping satunggal, ngepos-ipun wonten balai pertemuan kampling.
Kanti kita ngawontenaken kampling sedoyo masyarakar Rt 01 ngraosaken aman tentrem sahinggo kito saget ngayai kerjo kanti ayem tentrem mboten khawatir kemalingan menawi griyo dipun tinggal.
Sederek-Sedoyo wargo Rt 01 ingkang kulo tresnani.
Kanti kito sesarengan kerjab hakti, njagi keamanan lan ketertiban, sedoyo kolowau mujudtaken satunggaling bukti tresno kito sedoyo marang nagari kito Indonesia engkang sampun ulang tahun kamardikan sampun 65 tahun..
Smanten ingkang saget kulo aturaken, Mugi-mugi wonten ginanipun utawi manfaat kagem kito sedoyo lan nyuwun pangapunten mbok bilih katah salah sedoyo atur kolo ing ngajeng. Maketen ingkang saget kulo aturaken. Wassalamualaikum wr. Wb.
Mohon maaf jika ada kesalahan informasi, bahasa, tulisan dan sebagainya pada tulisan ini. Harap maklum karena ini sebenarnya hanya kumpulan tugas2 saya… dan saya hanya bermaksud menyimpan dan mungkin juga dapat membaginya, di blog saya ini.. Terimakasih sebelumnya telah membaca Blog saya…
Don’t forget… comment guys!